Jumat, 23 Januari 2015



XXXXXXXXXXXXXXXXXXXX
(UKBAHI-16). MOCO IKU FERDLU’AIN HUKUME BAGI KABEH WONG.
(JUZ KE-5)
XXXXXXXXXXXXXXXXXXXX

ISO SUGIH NDONYO LAN SUGIH AKHE
RAT  IKU PIYE  ILMUNE ?? JAWABANE NING  KITAB  IKI  SONGKO  JUZ- 1. TE
KAN JUZ- 16.  LAN  TENTANG  IBADAH
SING  ALA  KANJENG  NABI. ORA  KOK    
IBADAH SING ALA WONG  WONG SAIKI
IKU  MARDUD (NO)
XXXXXXXXXXXXXXXXXXXX
-(ISI BUKU TERBAIK SEDUNIA)-

PENYUSUNE=CHUDLOIRIE=TAMAN GEDE=GEMUH=KENDAL
XXXXXXXXXXXXXXXXXXXX
بسم الله الرحمن الرحيم

(5).BID’AH DLOLALAH IKU SING PIYE
LAN BID’AH HASANAH IKU SING PIYE LAN PENTINGE AMALSING لوجه الله IKU
PIYE LAN LIYA  LIYA NE
=
(dawuhe imam الشوكاني). Sing nyanadke hadis ngisor iki imam الحاكم lan menduwur menduwure sanad iku songko shohabat معاذ بن جبل رضي الله عنه  deweke songko kan jeng nabi SAW iku Dawuh rupo hadis  sing banget dowone ngisor iki.
l
اِنَّ اللهَ خَلَقَ سَبْعَةَ اَمْلاَكٍ قَبْلَ اَنْ يَّخْلُقَ السَّمٰوَاتِ وَاْلاَرْضَ لِكُلِّ سَمَاءٍ مَلَكٌ وَجَعَلَ لِكُلِّ بَابٍ مِنْهَا بَوَّابًا مِنْهُمْ  فَتَكْتُبُ الْحَفَظَةُ عَمَلَ الْعَبْدِ مِنْ حِيْنِ يُصْبِحُ حَتَّى يُمْسِى  ثُمَّ يُرْفَعُ وَلَهُ نُوْرٌ كَنُوْرِ الشَّمْسِ حَتَّى اِذَا بَلَغَ سَمَاءَ الدُّنْيَا فَيُزَكِّيْهِ وَيُكَثِّرُهُ  فَيَقُوْلُ الْمَلَكُ  قِفْ وَاضْرِبْ بِهَذَا الْعَمَلِ وَجْهَ صَاحِبِهِ وَقُلْ  لاَ غَفَرَ اللهُ لَكَ،  اَنَا صَاحِبُ الْغِيْبَةِ وَهُوَ يَغْتَابُ الْمُسْلِمِيْنَ لاَ اَدَعُ عَمَلَهُ  يُجَاوِزُنِى اِلَى غَيْرِى.  قَالَ وَتَصْعَدُ الْحَفَظَةُ بِعَمَلِ الْعَبْدِ وَلَهُ نُوْرٌ وَضَوْءٌ يُضِيْئُ حَتَّى يُنْتَهَى بِهِ اِلَى السَّمَاءِ الثَّانِيَةِ فَيَقُولُ الْمَلَكُ قِفْ وَاضْرِبْ بِهَذَا الْعَمَلِ وَجْهَ صَاحِبِهِ وَقُلْ لَهُ لاَ غَفَرَ اللهُ لَكَ اِنَّهُ اَرَادَ بِهَذَا الْعَمَلِ عَرَضَ الدُّنْيَا،  وَاَنَا صَاحِبُ عَمَلِ الدُّنْيَا لاَ اَدَعُ عَمَلَهُ اَنْ يُّجَاوِزَنِى اِلَى غَيْرِى.  قَالَ وَتَصْعَدُ الْحَفَظَةُ بِعَمَلِ الْعَبْدِ مُبْتَهَجًا بِهِ بِصَدَقَةٍ وَصَلاَةٍ كَثِيْرَةٍ فَتَعَجَّبُ الْحَفَظَةُ فَيَتَجَاوَزُوْنَ اِلَى السَّمَاءِ الثَّالِثَةِ فَيَقُولُ الْمَلَكُ قِفْ وَاضْرِبْ بِهَذَا الْعَمَلِ وَجْهَ صَاحِبِهِ وَقَلْ لَهُ لاَ غَفَرَ اللهُ لَكَ،  اَنَا صَاحِبُ الْكِبْرِ فَقَدْ اَمَرَنِى رَبِّى اَنْ لاَّ اَدَعَ عَمَلَهُ يُجَاوِزُنِى اِلَى غَيْرِى.  قَالَ وَتَصْعَدُ الْحَفَظَةُ بِعَمَلِ الْعَبْدِ وَهُوَ يَزْهُو كَمَا يَزْهُو النُّجُوْمُ بِتَسْبِيْحٍ وَصَوْمٍ فَيُمَرُّ بِهِ اِلَى السَّمَاءِ الرَّابِعَةِ فَيَقُولُ لَهُ الْمَلَكُ   قِفْ  وَاضْرِبْ بَهَذَا الْعَمَلِ وَجْهَ صَاحِبِهِ وَقُلْ لَهُ لاَ غَفَرَ اللهُ لَكَ،  اَنَا صًاحِبُ الْعُجْبِ  وَقَدْ اَمَرَنِى رَبِّى اَنْ لاَّ اَدَعَ عَمَلَهُ يُجَاوِزُنِى اِلَى غَيْرِى  فَيُضْرَبُ بِالْعَمَلِ وَجْهَهُ فَيَلْعَنُهُ ثَلاَثَةَ اَيَّامٍ.  قَالَ وَتَصْعَدُ الْحَفَظَةُ بِعَمَلِ الْعَبْدِ كَالْعَرُوْسِ الْمَزْفُوْفَةِ اِلَى زَوْجِهَا فَتُمَرُّ بِهِ اِلَى اسَّمَاءِ الْخَامِسَةِ فَيَقُولُ الْمَلَكُ  قِفْ وَاضْرِبْ بِهَذَا الْعَمَلِ وَجْهَ صَاحِبِهِ اَنَا صَاحِبُ الْحَسَدِ وَقَدْ اَمَرَنِى رَبِّى اَنْ لاَّ اَدَعَ عَمَلَهُ يُجَاوِزُنِى اِلَى غَيْرِى فَيُضْرَبُ بِهِ وَجْهَهُ وَتَلْعَنُهُ.  قَالَ  وَتَصْعَدُ الْحَفَظَةُ  بِعَمَلِ الْعَبْدِ بِوُضُوْءٍ تَامٍّ  وَقِيَامِ لَيْلٍ  وَصَلاَةٍ كَثِيْرَةٍ  فَيُمَرُّ بِهِ اِلَى السَّمَاءِ السَّادِسَةِ فَيَقُولُ الْمَلَكُ  قِفْ وَاضْرِبْ بِهَذَا الْعَمَلِ وَجْهَ صَاحِبِهِ اَنَا صَاحِبُ الرَّحْمَةِ  وَقَدْ اَمَرَنِى رَبِّى اَنْ لاَّ اَدَعَ عَمَلَهُ يُجَاوِزُنِى اِلَى غَيْرِى فَيُضْرَبُ بِهِ وَجْهَهُ وَتَلْعَنُهُ.  قَالَ وَتَصْعَدُ الْحَفَظَةُ بِعَمَلِ الْعَبْدِ بِصِدْقٍ وَاجْتِهَادٍ وَورَعٍ لَهُ ضَوْءٌ كَضَوْءِ الْبَرْقِ فَيُمَرُّ بِهِ اِلَى السَّمَاءِ السَّابِعَةِ فَيَقُولُ الْمَلَكُ قِفْ وَاضْرِبْ بِهَذَا الْعَمَلِ وَجْهَ صَاحِبِهِ اَنَا صَاحِبُ عَمَلٍ لَيْسَ لِوَجْهِ اللهِ اِنَّهُ اَرَادَ بِهِ رِفْعَةً وَذِكْرًا وَصِيْتًا وَقَدْ اَمَرَانِى رَبِّى اَنْ لاَّ اَدَعَ عَمَلَهُ يُجَاوِزُنِى اِلَى غَيْرِى.  قَالَ وَتَصْعَدُ الْحَفَظَةُ بِعَمَلِ الْعَبْدِ مُبْتَهَجًا بِهِ مِنْ خُلُقٍ حَسَنٍ وَصُمْةٍ وَذِكْرٍ كَثِيْرٍ وَتُشَيِّعُهُ مَلاَئِكَةُ السَّموَاتِ حَتَّى يَنْتَهُوا اِلَى تَحْتِ الْعَرْشِ فَيَشْهَدُوْنَ لَهُ فَيَقُولُ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ  اَنْتُمُ الْحَفَظَةُ عَلَى عَبْدِى وَاَنَا الرَّقِيْبُ عَلَى مَا فِى نَفْسِهِ  اِنَّهُ لَمْ يُرِدْ بِهَذَا الْعَمَلِ وَجْهِى وَاَرَادَ بِهِ غَيْرِى فَعَلَيْهِ لَعْنَتِى فَتَقُوْلُ الْمَلاَئِكَةُ كَلُّهُمْ عَلَيْهِ لَعْنَتُكَ وَلَعْنَتُنَا.  ثُمَّ بَكَى مُعَاذٌ  وَقَالَ  قُلْتُ يَا رََسُوْلَ اللهِ  مَا اَعْمَلُ،  قَالَ  اِقْتَدِ بِنَبِيِّكَ يَا مُعَاذُ  وَعَلَيْكَ باليقين أخلص العمل يكفك القليل من العمل

(artine). Alloh nggawe malaikat pitu sak durunge Alloh nggawe langit bumi (sak isine). Banjur malaikat pitu mau didadèk ké (ditugas) dadi juru kuncine langit pitu

(malaikat-malaikat  حَفَظَةْ iku malaikat mala ikat sing tukang nulisi amal amal ibadahe menungso menungso olehe nulisi awit esuk tekan sore lan awit sore tekan esuk banjur kabeh opo wae sing ditulis iku di aturke Alloh ta’ala digowo munggah pen dak bar subuh lan bar asar). teruse dawu he kanjeng nabi mengkene.

malaikat-malaikat حَفَظَةْ  munggah nggowo amal-amal sing wis di tulis. amal-amal mau bersinar koyo srengenge. Nanging naliko malaikat-malaikatحَفَظَةْ  iku tekan langit sap siji malaikat sing dadi jogo pin tu langit sap siji muni Hop-hop mandeg (hai malaikat malaikat حفظة ) amal-amal iki diantemno rahine sing nglakoni wae karo
muni-o mugo-mugo Alloh ora ngapuro ko
we. Mergo aku iki malaikat sing di printah ngawasi ibadahe wong sing gawe-ane tu kang ngglendengi liyan. Tugasku kon nglarang amal-amale wong sing ngono iku munggah ning langit sap siji iki.banjur
amal mau diantemke rahine sing nglakoni karo malaikat حفظة  ngutuk wonge sampi 3 dino ngutuke karo muni mugo mugo Alloh  ora ngapuro kowe. malaikatحَفَظَةْ  sing liya ne nggowo munggah amal-amal ibadah liyo sing padang gumebyar biso nglewati langit sap siji tekan langit sap loro.
Nanging sing jogo pintu langit sap loro muni Hop-hop mandeg hai malaikat mala ikat حفظة  amal amal ibadah iki diantemno rahine sing nglakoni wae karo muni-o mu go-mugo Alloh ora ngapuro kowe. krono aku iki malaikat sing diprintah ngawasi  a mal-amal  ibadahe  wong-wong  sing مَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الدُّنْيَا aku ditugas kon nglarang amal-amal ibadahe wong sing ngono iku munggah ning langit sap loro iki banjur di antemke rahine sing nglakoni amal amal mau. Malaikat-malaikat حَفَظَةْ  liyo mung gah nggowo amal-amal ibadah liyo sing padang gumebyar rupo sodakoh lan solat sing sak akeh-akehe nganti nggawe gu mune malaikat-mlaikat حَفَظَةْ. Amal-a mal ibadah mau biso ngliwati langit siji lan lo ro.Tekan langit sap telu sing dadi jogo pin tune muni Hop-hop mandeg hai malaikat malaikat حفظة  amal-amal ibadah iki dian temno rahine sing nglakoni wae karo mu ni-o mugo-mugo Alloh ta’ala ora ngapuro kowe. Krono aku iki diperintah Alloh nga wasi amal-amal ibadahe wong sing ndu weni ati كِبْرٌ (ati sing berkeras kepala u towo mokong ono ing kebatilane lan sing di maksud maneh ora biso menerima ma ring takdir-takdire Alloh sing pahit pahit). tugasku kon nglarang amal-amal ibada he wong sing ngono iku  munggah ning la ngit kene banjur amal amal mau diantem ke rahine sing nglakoni. Malaikatحفظة  liyo nggowo munggah amal-amal ibadah liyo sing mencorong gumebyar koyo lintang-lintang rupo baca-an tasbih poso lan liya-liyane biso ngliwati langit siji loro telu te kan langit sap papat.
sing jogo pintune langit sap 4 muni  Hop-hop mandeg hai malaikat malaikatحفظة  a mal-amal ibadah iki diantemno rahine sing nglakoni wae lan muni-o mugo mugo Alloh ora ngapuro kowe. mergo aku di pri ntah ngawasi amal-amal ibadahe wong sing duweni ujub. Tugasku kon nglarang amal-amal ibadahe wong sing ngono iku munggah langit kene. Banjur amal-amal i badah  (kabeh nduwur mau) diantemke ra hine sing nglakoni karo malaikat-malaikat  حَفَظَةْ  nglaknati wonge nganti  tekan telung dino muni mugo mugo Alloh ora ngapuro kowe. Malaikat-malaikatحَفَظَةْ  liyo nggowo munggah amal-amal ibadah liyo sing gam bare amal-amal ibadah mau koyo ngan ten di arak pawai arep ditemokke bojo la nange iso ngliwati langit sap siji loro telu papat iso tekan langit sap limo sing jogo pintu langit sap 5 muni Hop Hop mandeg hai malaikat malaikat حفظة  amal amal iba dah iki diantemno rahine sing nglakoni wae. krono aku di printah ngawasi amal-amal ibadahe wong sing duwe perbuatan hasud (iri terhadap kenikmtane liyan) tu gasku kon nglarang amal-amal ibadahe wong sing ngono iku munggah ning langit kene.
Banjur amal-amal ibadah mau (songko la
ngit sap limo) diantemke rahine sing ngla koni. Malaikat malaikat  حَفَظَةْliyo nggowo munggah amal-amal ibadah liyo rupo wu dlu sing apik sempurno lan rupo solat be ngi lan solat-solat sing akeh banget ngli wati langit siji loro telu papat limo tekan la ngit sap nem. sing jogo pintune muni hop
hop mandeg hai malaikat malaikat حفظة a mal-amal ibadah iki diantemno rahine sing nglakoni wae krono aku di printah ngawasi amal-amal ibadahe wong sing babar pisan ora nduwe welas maring li yan (ora nduwe tenggang rasa blas ora nduwe loman blas ora nduwe sosial blas yoiku bakhil tegel pèk menange dewe pèk penake dewe pèk untunge dewe).
tugasku kon nglarang amal amal ibadahe wong sing ngono iku munggah ning langit kene. Banjur amal-amal ibadah mau dian temke rahine sing nglakoni lan malaikat-malaikat حَفَظَةْ  podo nglaknati wonge. Ma laikat-malaikat حَفَظَةْ liyo munggah nggo wo amal-amal ibadah liyo sing gumebyar padang koyo gumebyare kilat lan biso ngliwati langit siji loro telu papat limo nem tekan langit sap pitu
banjur sing jogo pintune muni Hop-hop mandeg hai malaikat malaikat حفظة  amal amal ibadah iki diantemno rahine sing nglakoni wae. krono aku iki diprintah kon ngawasi amal-amal ibadahe wong sing o raلِوَجْهِ الله  nglakonane (yoikuلِوَجْهِ النَّاس  uto wo krono tradisi utowo krono riyo utowo krono partai utowo krono jam’iyah-jam ’iyah utowo krono syi’ar syi’ar lan sepada
ne).Tugasku kon nglarang amal-amal iba dahe wong sing ngono iku munggah ning langit kene amal amal ibadah iki dian temno rahine sing nglakoni wae banjur a mal amal mau diantemke rahine sing nglakoni. Malaikat-malaikatحَفَظَةْ  liyo nggo wo munggah ama-amal ibadah liyo sing padang gumebyar rupo ahlak-ahlak mul yo lan nyegah omong (njogo lesan) lan dzikir lan liya-liyane. Amal-amal ibadah mau diarak (diiringke) deneng malaikat malaikat langit 1 2 3 4 5 6 7 yoiku biso ngliwati langit 1 2 3 4 5 6 7 nganti tekan o no ing ngisoreعَرَشْ  lan kabeh malaikat malaikat mau podo nekseni muluse lan a pike amal-amal ibadah mau. Nanging ter nyata Alloh dawuh mengkene Hai malai kat-malaikat حَفَظَةْ  kowe kabeh iku sing tukang nulisi nyimpen ngopeni maring a mal-amal ibadahe kawulo-kawuloku lan Aku Alloh ta’ala iku sing weruh njero ba tinane kawulo-kawuloku. amal-amal iba dah iki ora murni demi ngabdi Aku Alloh iku ora nanging demi ngabdi liyane Aku yoiku krono howo utowo ngetutke nafsu u towo krono ngetutke wudele dewe utowo krono kesenengan howo sing amat ndla muri kabeh iku aran amal sing لِوَجْهِ الْهَوٰى utowo amal amal ibadah sing krono nge tutke ilhame setan sing ngrasuki wonge iku aran ibadah sing لوجه الشيطان Banjur Alloh neruske dawuh mengkene Laknatku kanggo sing nduweni amal-amal ibadah i ki. banjur malaikat-malaikat kabeh podo nyambung. Laknate Alloh kanggo wong-wong iku. ugo laknate kito kabeh poro ma laikat kanggo  wong iku ugo.
Sohabat مُعَاذْ بن جَبَلْ  nangis sak wise dicri tani kanjeng nabi nduwur iku terus matur mengkene ya Rasululloh lajeng pripun carane kulo nglampahi amal-amal ibadah Kanjeng nabi mangsuli mengkene.
Hai Mu’adz (يََا مُعَاذْ) kowe ngikutano nabi mu lan penuh yakinmu terhadap akherat i ku sing amat besar (selangit) lan amal-a mal ibadahmu dimurnikno demi krono Alloh semurni mungkin (sebersih utowo seihlas mungkin)yen corone ngono iku sithik pu-o biso nyukupi. (sak dawan da wan duwur iku dawuhe kanjeng nabi ono ing hadis sing dowo meni mau).
lll
Keahliane malaikat-malaikat حَفَظَةْ  iku cu man nulis-nulisi amal. lan sak wise di tuli si diunggahake. banjur Alloh ta’ala nda dekke malaikat sing ahli meni yoiku weru hane pol lan nitènane pol (ciumane amat tajam) terhadap amal-amale wong sing tukang ngglendengi banjur malaikat mau ditugaske ono ing langit sap siji Sing di tugaske ning langit loro ahli meni yoiku weruhane pol lan nitènane pol (ciumane amat tajam) terhadap amal-amale wong sing  مَنْ كَانَ يُرِيْدُ حَرْثَ الدُّنْيَا  Lan sing ditugas ning langit telu ahli meni (ciumane amat tajam) terhadap amal-amale wong sing nduwe ati كِبِرٌ.
Lan sing ditugas ning langit papat ahli meni (ciumane amat tajam) terhadap a mal-amale wong sing nduwe ujub.  Lan sing ditugas ning langit limo ahli meni (ci umane amat tajam) terhadap amale wong sing hasud.
Lan sing ditugas ono ing langit nem ahli meni (ciumane amat tajam) terhadap a male wong sing pèk menange dewe pèk untunge dewe pèk penake dewe ora ke nal tenggang rasa lan medit bakhil tegel.
Sing ditugas ning langit pitu ahli meni (ci umane amat tajam) terhadap amal amal sing krono tradisi krono wong krono partai krono jam’iyah rupane yoiku amal-amal sing لِوَجْهِ النَّاسِ . (nek biso lolos songko pe ngawasane malaikat pitu) baru malaikat malaikat حَفَظَةْ nek nggowo munggah amal amal ibadah iso tekan ngisor عَرَشْ . ono ing ngisor  عَرَشْiku langsung pengawasa ne Alloh ta’ala dewe. sebab opo ?. mergo pasange amak iku wisلِوَجْهِ الله  nanging se jatine ora لِوَجْهِ الله  iku ora. nanging krono howo sing banget lembute nganti mala
ikat pitu mau kurang ahli.
Nanging nek Alloh ta’ala ora bakal silap terhadap amal sing  لِوَجْهِ الْهَوٰى sekecil apa pun howone selembut apapun howone Alloh tentu ngerti mustahil biso diapusi sing pasange لِوَجْهِ الله  mau.sahinggo sing biso lolos tekan ngersane Alloh di tompo iku cuman sing sesungguh nya لوجه الله te menan nglakonane. nek sing liyane iku gagal kabeh lan diantemke rahine sing nglakoni kabeh sesuai dawuh hadis mau.

sing sesungguhnya amal لوجه الله yoiku re aksine خوف lan رجاء  sing wis kesebut ning ngarep iku rupane sing iso lolos ora gagal
lan ora diantemke rahine sing nglakoni i ku ora nanging ditompo deneng Alloh ta ’ala piye reaksineخوف  lan رجاء  iku ?.
wis kesebut ning ngarep yoiku demi mèn temenan iso slamet songko neroko lan de mi mèn temenan iso suwargo iku ono ing donyane justru kangelane ibadah lan su sah payahe nglakoni taQwa lan pahit pa hite takdir iku sing ning ati dicocoki lan di senengi koyo senenge wong penganggu ran oleh lobangan rizki. 
tapi nek ning donyo kok urung ngalami kangelane ibadah urung ngalami susah payahe taQwa urung ngalami ridlo ter hadap pahit pahite takdir (nek urung iso ngono iku) susah lan kuciwo koyo susahe lan koyo kuciwane wong sing pengang guran ora oleh lobagan rizki.
ngono iku reaksine خوف  lan رجاء  lan gan dengane iku otomatis sering sering mikir mati lan sering sering kesenengane howo nafsu iku di tinggal lan mbiyasakke ngla koni صبر جميل ngono iku sing sesungguh nya amal sing لوجه الله temenan sing pasti ditompo deneng Alloh lan pasti Alloh iku moho الرحمن الرحيم terhadap wong wong sing ngono mau.
ning kitab حلية الاولياء iku ono siji hadis sing ndawuhke mengkene (amal sing لوجه الله kanggone menungso menungso ono ing dino kiamat) iku koyo banyu kang gone wit witan ndonyo.
wit witan ndonyo iku ora iso urip tanpo banyu. Nek tanpo banyu temtu wit wit an ndonyo iku dadi sekarat. semono ugo koyo ngono iku menungso me nungso ono ing dino kiamat iku pasti sekarat sekarat kecuali sing songko ndonyane iku nggowo amal sing لوجه الله
(dengan kata lain) ono ing dino kiamat kekuatane wong iku (besar kecile) ter gantung besar kecile  amal لوجه الله sing dilakoni wong iku ono ing donyane nek ono ing donyane amal لوجه الله sing dilakoni wong iku kok sangat besar yo ono ing dino kiamat kekuatane wong iku podo kekuatane malaikat bahkan biso ngungkuli malaikat (kekuatane).
Nek ono ing donyane amal لوجه الله sing dilakoni wong iku kecil yo ono ing dino kiamat kekuatane wong iku kecil. sahinggo wong iku (ning dino kiamat) koyo gambare ning donyo wong sing paling lemah. nek ning donyone wong iku ora pernah nglakoni amal sing لوجه الله temtu dadi wong sing sekarat wong iku besuk ono ing dino kiamat. yoiku koyo wong sing lagi dijabut nyawane dilipatke 70 000 tikelan sesuai hadis sing wis ning juz 4 ngarep. Sahinggo haqiqine sing keno gawe sangu ning akherat iku cuman amal amal sing لوجه الله thok. lan haqiqine amal amal sing لوجه الهوى  لوجه الناس iku ono ing dino kiya   
mat bakal dadi tahi.
artine wong islam zaman saiki iku ono ing dino kiamat harus kurugan tahi sing akehe ngungkuli gunung sing ge di mergo sing dilakoni wong islam za man saiki awit cilik tekan sak matine i ku amal amal sing لوجه الناس   لوجه الهوى.   
l
Sing ning akherat dadi tahi iku ora cu man amal amal لوجه الهوى   لوجه الناس thok iku ora nanging semono ugo bid‘ah bid’ah dlolalah iku kabeh ning akherat dadi tahi.
wis kesebut ning ngarep bid’ah iku ko sok walike sak dermo anut tindak lam pahe kanjeng nabi. sing sak dermo a nut tindak lampahe kanjeng nabi iku sing aran anut sunnah nabi aliyas ngi kut jejake nabi (iku sing ora bid’ah).
l
nek ora (sak dermo anut tindak lampa he kanjeng nabi) kok nggawe pokal de we nggawe odo odo dewe iku sing a ran bid’ah.
Wong wong 4 tengen lan wong wong 5 tengen lan kabeh nabi nabi iku dadi
pintune Alloh artine dadi pintune Alloh sing ditompo wong wong iku yo ditom po Alloh lan sing ditolak wong wong iku yo ditolak Alloh.
Mulo songko iku bid’ahe wong wong 4 tengen lan bid’ahe wong wong 5 te  ngen iku dikobulake deneng Alloh ora kok ditolak iku ora. mulo bid’ahe wong wong 4 tengen lan 5 tengen iku aran bid’ah hasanah.
Sing dikobolake deneng Alloh ora dito lak iku (nek dilakoni murid muride) bid’ahe wong wong 4 tengen wong wong 5 tengen mau.
Wong wong 4 tengen lan wong wong 5 tengen iku aliyas mukmin sing khos aliyas golongan wong wong nomer(1) sing wis kesebut ning ngarep (iku bid ’ahe katut kobul) nek sing nglakoni iku murid muride lan aran bid’ah hasanah.
Tapi (nek sing nglakoni iku udu muri
de) yo ora kobul bid’ah mau tetep dito lak deneng Alloh aliyas mardud sena jan iku bid’ahe wong wong 4 tengen lan 5 tengen sebab sing nglakoni mau dudu muride.
Liyane nabi lan 4 tengen 5 tengen iku bid’ahe aran bid’ah dlolalah kok luwih luwih bid’ahe wong wong islam za man saiki sing panutane  iku artis ar tis lan bid’ahe wong wong partai lan bid’ahe wong wong jam’iyahan iku sing ora bid’ah wa-e mardud kok opo maneh sing bid’ah yo pasti aran bid’ah dlolalah lan aran هوى متبع sing ning akherat bakal dadi tahi. Sebab opo ?.

Sebab golongan wong wong nomer(3) iku ibadah sing ora bid’ah sing pega ngan ayat Qur’an lan pegangan hadis shoheh wa-e iku ganjarane diwehke ning donyo ning akherat olehe neroko (iku sing pegangan ayat Qur’an lan ha dis shoheh).kok opo maneh nggawe bid’ah yo temtu bendune Alloh iku se makin besar ngono iku pasti.
bedane umm kubro lan wong wong sai ki bid’ahe golongan wong wong nomer (3) iku ning akherat pahalane besar lan aran bid’ah hasanah ngono iku miturut wong wong saiki nanging yen miturut umm kubro mardud lan ning akherat dadi tahi lan aran bid’ah dlolalah. Se bab opo kok mardud ?. Sing nggawe bid’ah iku wong wong mardud kok bid’ahe kobul yo penulis wis sinthing meni nek njawabe ngono iku.
mulo ngerteni hadis sing dowo duwur i
ku hukume wajib ferdlu’ain mèn ngerti
bedane amal sing kobul lan sing dian temke (rahine sing nglakoni) nek ora ngerti yo temtu ngarani pahalane be sar kaben koyo wong wong saiki.
Siji crito ning kitab اِرْشادُ الْعِبَادِ halaman 100 imam  رَافِعْ بِنْ عَبْدِالله sing nyita-ake crito iku deweke songko هِشَامْ بِنْ يَحْيَ الْكَنَاِفي (meng kene iki kesimpulane crito)
Naliko tahun 88 hijriyah wong-wong is lam iku merangi wong-wong negoro Rum.  Sing dadi pimpinane wong-wong islam yoiku مُسَلَّمَةْ. Aku ( هِشَام ) melu perang ba reng karo koncoku ( sing dadi اَخٌ فِى الله ) je nenge yoiku سَعِيدْ بِنْ الْحَارِثِ  iku salah sijine wong sing kentheng temenan ibadahe se tiap awan poso setiap bengi njungkung sholat Setiap budal mlaku iku karo nde res al-Qur’an setiap liren ning ampiran-ampiran ketungkul dzikir maring Allah.
Ono ing wengi iku wong wong islam lagi nguwatiri mungsuh teko sehinggo naliko bengi (wong wong turu) aku lan Sa’id me tu njogo mungsuh.
Mergo wektu iku kito wong wong islam lagi ono ing kepungane mungsuh sehing go lagi cemas lan kesulitan sing luar bia sa. Sak jerone aku lan sa’id melek jogo mungsuh iku aku nggumuni Sa’id masa lah kuwate lan betahe ibadah mergo se wengi suntuh digawe nglakoni solat.
aku muni maring Sa’id naliko fajar thukul hai sa’id ! mbok yoho liren awakmu  diwe hi ngaso. Sa’id mangsuli karo mripate mbrebes mili luhe (mengkene munine) gè ri ping piro nafasku iki ?.Umurku wis te kan nggong buntasan akhir aku agé-agé nindakke ibadah balapan karo metune nyowo. berarti سعيد بن الحارث wis diilhami meh mati lan duwe خوف sing besar.
Kelanjutane critane هشام. banjur aku Hi syam muni maring sa’id mengkene hai sa’id wong-wong wis podo tangi saiki gi lire kowe liren ora keno ora kowe kudu mlebu (ning omah tendo) perlu ngaso.
banjur deweke gelem mlebu ning njero omah tendo terus turu.  Aku njagong ono ing njobone omah tendo Ujug-ujug aku krungu suworo ning njero omah tendo mau banjur aku mlebu.
Ternyata Sa’id sak jerone turu iku  nggu yu lan ngomong ngene aku moh bali ning donyo maneh. Muni ngono iku karo tanga ne dislonongake koyo arep ngranggèh se suatu banjur tangane dibalèk-ake maneh alon-alon isih karo ngguyu basan ngono mencolot tangi koyo wong kebingungen sing luar biasa.
Terus sa’id tak sikep suwi sehinggo suwi suwi iso sadar terus noleh mengiwo me nengen karo moco لاَ اِلَهَ اِلاَّاللهُ moco اَللهُ اَكْبَرْ terus-terusan.
Aku muni Kowe ngimpi opo? kowe kudu crito deweke muni Asal dirahasiakke se lagi aku isih urip ora keno dicritaake ma ring wong liyo Aku mangsuli Yo! ojo ku watir.banjur deweke crerito mengkene.
Aku ngimpi diweruhi dino kiamat yoiku se
kabehe mahluk mahluk podo metu song ko kubure nunggu nasibe ono ing mah syar.Tiba-tiba aku ditekani wong loro po do nguluki salam terus tak jawab salame banjur wong loro iku muni ngene Hai Sa’id (Selamat) Allah ta’ala wis ngapuro doso-dosomu lan ngabulke amal amalmu lan nyembadani penyuwunmu kito wong loro iki diprintah nguduhke kowe maring panggonanmu. Ayo! Kowe melu aku.
Aku banjur budal bareng wong loro iku. yoiku metu songko mahsyar nunggang jaran nanging jaran iku ora koyo jaran do nyo bantere sak clirapan langsung tekan ono ing siji istana kerajaan sing megahe pol mripat iku ora biso nyandak nyawang buntasane rupo bangunan songko mas inten sloko sing gumebyar. tekan nggon lawange iku langsung lawange iso mengo dewe. Banjur kito wong telu mlebu.
ono ing kono iku ono ke-indah-an sing
sangat sangat luar biasa ora iso nganda ake sifat-sifate lan durung pernah kebaya ngake babar pisan ke-indah-an mau. ono pirang-pirang wadon nom peladi-peladi pesuruh-pesuruh song koyo lintang-lin tang ning langit podo nglantunke nyanyi an-nyanyian sing merdu. Ono salah sijine sing muni ngene Lha ! iki wonge sing di tunggu-tunggu lagi teko marhaban ahlan wasahlan (sing dimaksud yoiku aku). aku
neruske mlaku temuju nggon kratone. Je bul ono ing njero kratone iku ono pirang pirang lungguhan songko emas kanggo peladi-peladi lan pelayan-pelayan.
pirang pirang lungguhan iku ngubengi siji lungguhan sing pas ono ing tengah tenga he. Setiap siji songko lungguhan lung guhan iku sing njagongi wadon nom sing kecantik-ane ora ono sing iso nganda-ake  lan sing ono ing tengah iku sebagai ben dorone ngungkul-ungkuli cantike kandas ora mungkin ono wong sing iso nyifati ke cantikane lan sampurnane lan liya-liyane.
l
Banjur wong loro sing ngejek aku muni ngene istana kraton iki milikmu sing ning tengah iku bojomu lan kabeh wadon-wa don nom iku pelayan-pelayanmu lan ono ing tempat liyo kowe nduwe maneh ista na kerajaan sing persis iki Terus wong loro iku budal lungo.
Sak naliko pelayan-pelayan kabeh iku po
do ngrahapi aku koyo entes ditinggal lu ngo suwi. terus aku di lungguhke dije jerke wadon sing ono tengah iku karo podo muni ngene (iki bojomu) kejobo iki (bojomu ono maneh ning istana sing liyane kene). kabeh wis podo nunggu.

Banjur aku mulai ngomongi wadon iku lan wadon iku ganti ngomongi aku. Aku muni ngene awake dewe iki ono ing ngendi ? Wadon iku mangsuli ngene. iki ono ing suwargo Makwa جَنَّةُالْمَأْوِى
Terus tanganku kumlawe arep nyandak wadon mau. tapi tanganku dibalekke ma neh kanti alon alon Karo wadon iku muni ngene dino iki durung wancine (kowe isih
kudu bali ning donyo meneh  3 dino)
Terus aku mangsuli moh! Ora arep bali (ning donyo maneh). Wadon iku mangsuli Bali ning donyo iku kudu bar 3 dino iku bukomu nikmatke aku Terus aku pamit arep bali pas nglilir turune mau.

Banjur Hisyam neruske critane mengke ne. bar Sa’id rampung nyritakke impen mengkono mau terus age-age wudlu bar wudlu minyakan bar minyaan langsung njupuk pedange banjur tumuju ning me dan perang dalam keadaan poso tapi ngotot temenanan perange sampai bengi banjur perange mandeg mergo bengi.
Ono ing mbengine iku wong-wong akeh podo ndongeng-ndongengke Sa’id pera nge kendele ora koyo biasane awake dipasang-pasangke ning panggonan sing udan panah udan pedang nanging ora ono sing ngenangi.
wengi iku Sa’id ketungkul sholat sewengi suntuh. esuke sa’id budal perang maneh ugo dalam keadaan poso ngotote perang semakin nemen banjur perange mandeg mergo ketekan wayah bengi.
bengi iku wong wong soyo nemen ndo ngeng-ndongengne Sa’id olehe perang. nekade ngungkul ngungkuli wingine. A wake iku soyo di pasang-pasangke endi-endi nggon udadan panah lan pedang ta pi ndilalah mleset ora ono sing ngenani.
isuke  Sa’id budal perang maneh.  Ono ing dina iku aku sengaja nonton kiprahe Sa’id. Ternyata yo pancen bener-bener awake dipasang-pasangke ono ing udan
panah lan pedang nanging mleset terus.
Basan wayahe srengenge meh surup ono jemparing ngenangi pas tenggoke sahing go Sa’id ambruk akhire Sa’id mati karo moco  اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى صَدَقْنَا وَعدهُ karo ngguyu lan ngawet lambe aku nyedaki weruh sak nyoto. Bar iku wong wong tak critani im pene sa’id bar wong wong tak critani impene sa’id perange semakin semangat semakin ora duwe wedi mati. Kedadian i ku nyebabi wong-wong islam keparingan menang perange mergo barokahe  Sa’id.
lll
Seolah-olah brontone Sa’id maring wa don sing diweruhi ning impen mau iku ora iso dibendung blas brontone nganti kare pe sa’id iku arep golek gelise mati selek a rep ketemu sing ning impen
Banjur sa’id ngotot temenanan awake  di pasang-pasangake ono ing endi endi u dan panah udan pedang (iku sing perlu
difa hami).
Seandainya Sa’id iku bisane kepetuk wa don-wadon sing ning impen mau kudu dipateni nganggo diobong urip-uripan u towo awake digraji-graji tentu dengan se nang hati ora kok keberatan iku ora sa ma sekali tentu (sing penting iso kepe thuk sing ning impen) bahkan walaupun luwih abot tinimbang dingono iku tetep dengan senang hati ora keberatan blas sebab opo ?
Sebab Songko luwar biasane widadari tentang wangune lan luwese lan apike lan nyahwatane lan sempurnane lan liya liyane iku bener bener sulit di kandakke bahasane sing arep ge nyebutke iku ora ono sama sekali. Wong kok diweruhi widadari ning impen siapa pun orangnya temtu ora iso mbendung brontone lan temtu koyo sa’id mau.
l
imam اِبْنُ اَبِى الدُّنْيَا lan imam الطَّبَرَانِى nyanad hadis iki sing sanade iku menduwur-men duwure songko sahabat اِبْنُ مَسْعُودْ (hadis i ki arabe ora tak sebut amrih men ringkes) shohabat ابن مسعود nyritaake yen Kanjeng nabi crito nganda-ake critane wong sing terakhir mlebune suwargo (Sak wise dien taske songko neroko sing terakhir) crita ne mengkene.
Bar dientaske songko neroko wong mau ditekaake ono ing salah siji bengawan tempat adus. Sak wise ados diweruhi tem pat sing sangat sangat indah luar biasa nek dibandingke iku (kabeh keindahan ndonyo iki) cuman impen (dudu opo-opo blas).
Banjur wong mau matur (ndongo) maring Allah Duh gusti tempat iku mugi paringke kulo. Allah mangsuli nek tempat iku tak paringke kowe opo isih arep njaluk liya ne? jawabe wong mau mboten demi mul yane panjenengan. banjur wong mau di paringi tempat iku temenan. Sak wise wong mau ngenggoni tempat iku di we ruhi maneh tempat liyo sing luwih luar biasa. Tempat sing awal mau udu opo-o po blas nek di bandingke iku.
Weruh tempat iku wong mau ndongo nyu
wun maring Allah ta’ala Duh! Gusti mugi tempat niku diparingke kulo. Allah mang suli nek tempat iku tak paringke kowe opo isih arep njaluk liyane? Wong mau mang suli mboten demi mulyane Panjenengan. akhire wong wong mau diparingi tempat iku temenan.Sak wise wong mau mang gon ning tempat iku di weruhi maneh tempat liyo sing luwih luar biasa. nek di bandingke tempat iku yo tempat sing wis di paringke mau dudu opo-opo blas.
wong iku suwi suwi ora betah ngempet akhire matur Duh Gusti mugi tempat niku diparingke kulo. banjur wong mau akhire diparingi tempat iku. sak wise ngenggoni tempat iku diweruhi maneh koyo ngono iku terus sampai ping 10 ambalan.
wong mau mlebu suwargo sing terakhir diparingi اَعْشَارُ اَضْعَافِهِ yoiku koyo duwur ma u iku sampai sepuluh ambalan. Sahinggo أعشار أضعافه mau iku suwargo sing paling rendah sing diparingke wong sing mlebu ne terakhir mau.
(artine أعشار أضعافه) yoiku diperkirakan se kiro kabeh keindahan-keindahan ndonyo komplit iki biso malih dudu opo opo blas yoiku malih suker meni malih cuman im pen. Sebab opo ?. Mergo weruh ono liya ne sing ke-indah-ane iku luwih luar bia sa meni.
terus ke-indah-ane sing liyo mau malih suker meni sebab weruh ono liyane sing ke-indah-ane luwih luar biasa. Terus ke indah-ane sing liyo mau malih suker meni sebab weruh ono liyane sing ke-indah-ane luwih luar biasa. Koyo ngono iku te rus sampi 10 ambalan. iku suwargo sing paling rendah sing diparingke wong sing  mlebune terakhir mau.
(ono ing hadis) suwargo iku ono 100 ting kat  Koyo duwur mau sampai sepuluh am balan iku tingkat sing paling ngisor pa san.Sahinggo alam ndonyo sing paling indah nomer siji yoiku negoro swiss iku sukere entek-entekan nek dibandingke suwargo sing paling ngisor pisan.
banjur mbesok ono ing mahsyar iku endi endi sing suwargone wis diwehke ning donyo yo wong iku diweruhke suwargo nanging ora mergo arep diwei suwargo iku ora sama sekali nanging men nelong so sing amat.
mergo suwargone wis ning donyo ning akherat cuman di weruhi thok sak wise weruh dipedot karo suwargo banjur dilebokke neroko amrih nelongsone iku bener bener sing amat dahsyat lan tikel matikel nganti nangis getih daging daging balung awak sak kujur mrotholi sak entek e lorone ati olehe njèngkèli awake dewe lipat 70 000ne maut koyo kang wis kese but ning ngarep.
wektu iku wong wong baru ngerti kesli rune ning donyo kok puase iku karo jem bar rizkine kok karo kesenengane howo
nafsu. (duwe pikiran ngono iku besuk nek
wis ning mahsyar). Hadis duwur mau ke lanjutane ono ing bagian sing akhir song ko dawuhe kan jeng nabi iku mengkene

اََدْنَاهُنََّ حَوْرَاءَ عَلَََََيْهَا سَبْعُونَ حُلَّةً يُرَى مُخُّ سَاقِهَا مِنْ وَرَاءِِ حُلَلِهَا كَبِدُهَا مِرْآتُهُ وَكَبِدُهُ مِرْآتُهَا اِذَا فُُرِغََ مِنْ جِمَاعِهَا اِزْدَادَتْ حُسْنًا وَجَمَالاً وَبِكْرًا فِىْ عَيْنِهِ سَبْعِيْنَ ضِعْفًا اِذَااِشْتَهَى مِنَ الثِّمَارِ شَئْ ً طَارَ اِلَيْهِ سَرِيْرُهُ اَوْ اِنْبَعَثَ الْغُصْنُ اِلَيْهِ فَيَقْطَعُهُ مَا يُرِيْدُ فَيَعُوْدُ مُثْمِرَةً فِى الْحَالِ
(artine). ono ing suwarago sing paling a sor sing diwehke maring sing mlebune terakhir mau. widadari widadarine iku dinggoni 70 pakaian nanging tetep biso ketok ceto disawang sumsume sing ning njero balung Sahinggo jantunge wadon iso kanggo koco ngilon kanggo ngilo bojo
ne lanang lan jantunge lanang iso kang go koco ngilon kanggo ngilo bojone wa don Setiap widodari mau bar dijimak so yo cantik soyo manis soyo perawan lipat 70he sahinggo jimak sing burine ladzate iku selalu lipat 70he jimak sing ngarepe ngono iku terus abadal abadin (ora per nah ora ngono iku) Setiap wong suwargo ngepingini siji woh-wohan yo kursi sing gawe njagong iku mabur marani woh sing dipingini mau utowo pange woh iku sing nlosor nyepakke wohe maring ngarepe  wonge banjur wong mau metik woh iku.  Bar dipetik langsung iso woh maneh sak naliko (wohe podo tapi rasane seje luwih enak tinimbang sing dipetik mau lipat 70) iku artine  مُثْمِرَةً فِى الْحَالِ .(iku artine hadis sing sak dawan dawan mau).
l
Ono ing donyo sing iso ditembus mripat yoiku koco bening (udu pengilon) sahing go sangking (beninge lan bersihe koco iku) mripat biso nyawang sing ning mburi koco  Kanthi cetho (iku tamsile).
Semono ugo widodari iku njobo njero kin clong kinclong kabeh bening bersih ka beh. nganti sing ning njero balung sing aran sungsum soko jobo ketok cetho lan ati iku keno ge ngilo soko jobo kanthi ce tho (songko kinclong kinclonge) lan (song ko beninge lan bersihe) ora ono jenese blas ora ono jembeg jembegke blas ora ono cacate blas ora ono cirine blas ora ono kotore blas ora ono olone blas ora o no wagune blas ora ono sing muwakke
blas ora ono sing mbosenke blas,
getih daging uyuh idu umbel mani madzi lan sepadane wis ora ono blas bersih sih songko iku kabeh.
Yo njerone yo njobone iku mengkilap lan kinclong-kinclong ngungkuli inten ngung kuli berlian ngungkuli jamrud.
Yen wadon ndonyo sing disawang nyah wati iku cuman bagian tertentu thok ora kok kabeh awak sak kujur bahkan sing sebagiane awak iku jenes lan kotor lan njijiki ora kok nyahwati. Nanging nek wi dadari amat jauh ora ngono iku yen wida dari awak bagian sing njero njero iku nyahwatane nek disawang justru luwih besar tinimbang bagian awak sing njobo njobo wadon donyo bagian sing njero isine jenes jenes nek widadari sak walike (luwih nyahwati sing njero tinimbang sing ning njobo)
Mulo wadon donya iku kudu diwei kulit
kudu nganggo baju nek widadari ora bu tuh kulit ora butuh baju bulat bulatan njo bo njero ketok kabeh songko pucuk ram but tekan jempol sikil siji sijine nyahwati kabeh komplit ora ono blas sing ora nyahwati. intine nek wadon donyo sing nyahwati iku cuman sak titik yoiku pupu tapi nek widodari iku sing nyahwati ono 70 titik.Ono ing al-Qur’an ono ing surat  الرَّحْمَنْ  Dawuhe Alloh yoiku مَقْصُوْرَاتٌ فِى الْخيَامِ   (artine). Widodari-widodari iku ono ing per sepen terus terusan ora metu-metu song ko persepene blas. (iku artine ayat).
l
Penyebabe mergo widodari-widodari iku sak wise dienggoni 70 pakain seolah-o lah ngungkuli telanjang bulat. Seandai nya arep keliling-keliling ndelok-ndelok i ku persepene sing mabur lan wong la nang liyo ora bakal biso weruh.  Sing biso weruh khusus bojone tok. Ngono iku mak
sude  مَقْصُوْرَاتٌ فِى الْخيَامِ .
Nanging nek karo sing lanang ngungkuli telanjang bulat.  Sesuai karo dawuh ha dits ngarep yoiku jantunge keno ge ngilo  iku artine coro ning ndonyane telanjang bulat. Nek wadon ndonyo bisone nyahwa ti iku sing kebukak cuman pupune lan rahine  maninge kudu ketutupan. Sebab nek ke bukak kabeh wis pasti sing nyuker
nyu keri iku ketok malih kurang nyahwati 
Nanging nek widodari iku wolak-walik grembyang njobo njero nduwur ngisor nyahwati kabeh Muluse ngungkuli inten berlian jamrud ngono iku maknane ayat كَاَنَّهُنَّ الْيَاقُوْتُ وَالْمَرْجَانُ                 
(widodari widodari iku bagaikan yakut lan majan). iku artine ayat.
l
(Disamping ngono) sedepe gondone lan luwese wangun iku ora ono bahasa sing pas gawe nyebutke mergo padane ning
ndonyo iku ora ono babar pisan.
(Bahasa sing pas yoiku tiru bahasane ha dits ngarep) yoiku diperkirakan wadon ndonyo sing paling cantik paling nyah wati nganti seorang raja iku ngeklaske nyowone bondone negorone krono ter tarik wadon iku mergo cantike sing wis ora ono padane sak ndonyo.
Diperkirakan wadon iku malih ora apik kaiki sebab weroh ono wadon liyane sing luwih ngungkul-ngungkuli cantike lan nyahwatane terus wadon iku iso malih o ra apik kaiki maneh sebab weroh wadon liyo maneh sing luwih ngungkul-ngung kuli maneh (cantike lan nyahwatane).
terus wadon iku malih ora apik kaiki ma
neh di sawang mergo diweruhi ono liyane maneh sing ngungkul-ungkuli maneh can tike lan nyahwatane. Koyo ngono iku terus sampai sepuluh ambalan iku (wi dodari suwargo sing diwehke wong sing mlebu suwargo teakhir) nek suwargo sing nduwure iku yo widodarine ora nyandak-nyandak-o dibahas temtu kandas lan ba hasane ora ono blas.
Kaliren (ngelih nemen) sak jegke urip iku abot (di tatoni lan dilarani atine sak jege urip) iku abot luwih-luwih diobong urip-uripan dibelet urip-uripan utowo di iris-iris  awake nganggo graji tentu abote luwih nemen. (siapapun orangnya terhadap du wur iku tentu angkat tangan) yoiku ora wani wani-o nglakoni.
Nanging begitu wong iku diweruhi  wida dari ning impen koyo سعيد بن الحارث sing wis ning ngarep critane tentu malih sing ang kat tangan lan ora wani-wani-o duwur ma u iku dadi kecil meni lan entheng temtu langsung dengan senang hati dikoyo ka beh duwur mau ora duwe keberatan blas asal iso ketemu widadari sing di weruhi ning impen koyo gambare سعيد بن الحارث  sing wis ning ngarep critane ngono iku  sebab opo ?.
Songko dahsyate wangune widadari sing sangat sangat nggawe bronto sing ora iso di bendung blas (ngono iku cuman weruh ning impen) opo maneh ora ning impen kabeh iku menunjukkan luar biasane widadari. Dawuhe Kanjeng nabi
اِنَّ اللهَ تَعَالَى لمَاَّ خَلَقَ جَنَّاتِ عَدْنٍ دَعَا جِبْرِيْل فَقَالَ لَهُ  اِنْطَلِقْ فَانْظُرْ اِلَى مَا خُلِقَ لِعِبَادِى فَذَهَبَ جِبْرِيْلُ يَطُوْفُ الْجِنَانَ فَاَشْرَفَتْ اِلَيْهِ جَارِيَهُ مِنْ حُوْرِالْعِيْنِ مِنْ بَعْضِ تِلْكَ الْقُصُوْرِ فَتَبَسَمَّتْ اِلَى جِبْرِيْلَ فَضَاءَتْ جَنَّاتُ عَدْنٍ مِنْ ضَوْءِ ثَنَايَاهَا فَظَنَّ جِبْرِيْلُ اِنَّهُ مِنْ نُوْرِ رَبِّ الْعِزَّةِ ، فَسَجَدَ ، فَنَادَتْهُ يَا اَمِيْنَ اللهِ اِرْفَعْ رَأْسَكَ فَنَظَرَ اِلَيْهَا فَقَالَ سُبْحَانَ الَّذِيْ خَلَقَكِ  فَقَالَتْ الْجَارِيَةُ يَا اَمِيْنَ اللهِ اَتَدْرِى لِمَنْ خُلِقْتُ قَالَ لاَ قَالَتْ اِنَّ اللهَ خَلَقَنِى ِلمَنَْ آثَرَ رِضَا اللهِ عَلَى هَوَى نَفْسِهِ

(artine) sak wise Alloh rampung nggawe  
suwargo sing aran جَنَّاتُ عَدْنٍ banjur nimbali malaikat Jibril Alloh ndawuhi mengkene Hai malaikat Jibril ! kowe nyawango su wargo sing bakal tak cawiske wong-wong sing tukang ngabdi maring Aku(Alloh). banjur Jibril budal keliling-keliling ono ing suwargo banjur ono siji wadon songko widodari iku nyepaki Jibril. Wadon mau mesem maring Jibril. Yo (sebab meseme wadon mau) iso byak! Dadi padang ta man-tamane suwarago mergo cahyane untu bagian ngarep. (songko apike wa ngune).Ngertine Jibril iku nure Allah sa hinggo jibril langsung arep sujud. banjur wadon widadari mau ngudang-undang Hai! Jibril ojo sujud Banjur Jibril nyawang. sak naliko jibril moco سُبْحَانَ الله  sangking gumune maring apike widodari mau jibril kandas ora iso ngandakke.
sing mak byak iku dudu nure Alloh na nging jebul sinare untune widadari iku jibril gedeg gedeg nggumuni.
Banjur wadon widadari mau muni maring
Jibril mengkene hai malaikat jibril Sam
pean opo wis ngerti aku iki digawe kang go sopo? Jibril mangsuli Ora ngerti  Nuli wadon widadari mau muni mengkene Aku iki digawe deneng Alloh kanggo wong wong sing ngalahke kesenengane howo nafsune  Ditinggal krono mentingke ridlo ne Allah (nyebrangi howo nafsu demi go lek ridlone Alloh) aku dicawiske kanggo wong wong sing mengkono iku (iku arti ne hadis mau).
l
Sahinggo haqiqine widodari iku wujude ri dlone Allah maring siji kawulo mergo ka wulo iku ono ing ndonyo nggawe ridlone Alloh yoiky endi-endi sing disenengi howo nafsune iku di tinggalake demi golek ridlo ne Alloh. Ridlone Alloh maring wong iku rupo (oleh widadari mau) mulo wis oto matis sing oleh widadari iku yo wong sing diridloni Alloh sebab wong mau ning do
nyo nggawe ridlone Alloh.
mergo (songko ridlone Allah ta’ala maring wong iku) banjur Alloh nek nggawekke wi dodari wis pasti sing iso nggawe puwase wong iku.
Mulo ojo takon apike wangune widadari krono Allah sing nggawe. Sahinggo Allah nek nggawe wangune bentuk untu ora nguciwani wangune rambut ora nguci wani wangune rahi ora nguciwani wangu ne awak sikil pupu bokong tangan deriji ferji  lan liya liyane kabeh komplit ora ono blas sing nguciwani.
Sedangkan Allah ta’ala nggawe wangune Dewi Sinto wae iku biso nggawe degle nge raja! (prabu dosomuko) nganti ngli lakke (ngorbanake) nyowone bondone lan kratone songko apike wangune dewi sinto mau
Kamongko keluwesan lan wangon sing di wehke Dewi Sinto iku nek dibandingke karo keluwesan lan wangon sing diwehke widodari iku perbandingane koyo banyu sing nelesi driji siji dibandingke banyu sing ono ing segoro ombo.
intine meseme iku iso nyujudke malaikat Jibril  nganti jibril muni سُبْحَانَ الله iku artine masalah luwese lan masalah wangune iku Jibril sampai kandas. Mulo koyo opo wae puase wong lanang sing bakal dadi bojone widadari. iku akal ora nyandak nyandak-o. 
Sing ciloko mencit iku wong wong sing cuman di werohke thok maring widadari nanging bar iku terus dilebokke neroko rupane yoiku wong wong sing suwargane iku wis diwehke ning donyane sahinggo ning akherat kudu neroko bagiane (iku sing ciloko mencit). kitab  اِِحْيَاءْ nyrita-ake kanjeng nabi  dawuh mengkene

شَبَعَ يَحْيَ عَلَيْهِ السَّلاَمُ مَرَةً  فَنَامَ عَنْ وِرْدِهِ فَقَالَ اللهُ لَهُ  يايحيىَ    تَجِدُ دَارًا خَيْرًا مِنْ دَارِى اَمَا لَوْ اِطَّلَعَتْ اِلَى الْجَنَّةِ اِطِّلاَعَةً لمت شوقالها اما لاطلعت الى النار اطلاعة لمت خوفا منها

(artine). pernah nabi Yahya wareg sepi san terus keturon nganti wiridane keting gal Banjur Alloh ndawuhi maring nabi Yah ya mengkene Hai Yahya opo mungguh mu iku ono sing luwih apik tinimbang su wargo ?. Asal kowe ngerti hai Yahya ! se andainnya kowe weruh suwargo sak tle rapan tentu kowe langsung mati sing sak sseg-kan (songko brontone karo suwar go). Asal kowe ngerti hai Yahya seanda inya kowe weroh neroko sak tlerapan ten tu kowe langsung mati sing sak sseg-kan (sebab songko wedine neroko). (iku arti ne hadis mau).
l
Hadits iku nggambarake luar biasane su wargo lan neroko mergo weruh sak tle rapan thok iku iso langsung mati sing sak sseg-kan mergo songko rindu lan bronto maring suwargo (matine sak sseg-kan ma u). utowo mergo songko wedine maring neroko (matine sak sseg-kan mau). Ber arti suwargo neroko iku bener benet luar biasa sing sangat sangat amat. Tentang luar biasane suwargo neroko maneh ha dis  ning kitab حلية.yoiku ngisor iki.
l
حَدَثَنَا مُحَمَّدُ بْنُِ عَلِِى بْنِ حُبَيْسٍ حَدَ ثَنَا مُوسَى بْنُ هَارُوْنَ حَدَ ثَنَا اَبُو هَمَّامِ حَدَثَنَا بَقِيَّةُ بْنُ الْوَلِيْدِ عَنْ بُجَيْرِ بْن  سَعِيْدٍ عَنْ خَالِدِ بْنِ مَعْدَانَ عَنْ عُتْبَةَ بْنِِ عَبْدٍ عَنِ النَّبِىِّ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّم  قَالَ لَوْ اَنَّ رَجُلاً يَخِرُّ عَلَى وَجْهِهِ مِنْ يَوْم وُلِدَ اِلَى يَوْم يَمُوْتُ فِى مَرْضَاةِ اللهِ لَحَقَرَهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ
imam ابونعيم aku dicritani محمد بن على بن حبيش deweke aku diceritaniمُوْسَى بِنْ هَارُونْ de weke aku dicertani اَبُو هَمَّامِ   deweke aku dicritaniبَقِيَّةْ بِنْ الوَلِيدْ   deweke songko بُجَيرْ بِنْ سَعِيدْ  deweke songkoخَالِدْ بِنْ مَعْدَانْ   deweke songko sohabatعُتْبَةْ بِنْ عَبْدٍ    deweke song ko kanjeng nabi SAW iku Dawuh meng kene.
Seandainya naliko ono ing donya wong iku wis sujud awit lahir tekan sak matine artine nglakoni perkoro sing diridloni Alloh iku awit lahir tekan sak matine wong mau besok ono ing dino kiamat nganggep sing dilakoni iku isih kesithik-en wong mau isih kecewa (iku artine hadis mau).
l
(Sing dimaksud يَخِرُّ عَلَى وَجْهِهِ ono ing hadis mau) meres awak ge kangelan golek ri dlone Alloh.
yoiku ninggal sekabehane dosa-dosa lan kemaksiatan-kemaksiatan ditinggal total lan Sekabehane printah-printah komplit dilakoni kabeh lan kehendake awake de we di kalahke krono menangke kehendak e Alloh ta’ala.
olehe meres awak nganti nungsang njem palik nglakoni kabeh duwur iku awit lahir jebrol nganti sak matine ngono iku terus ora pernah liren blas (ngono iku maknane يخرعلى وجهه من يوم ولد الى يوم يموت في مرضاة الله).
Seandainya ning donyo wis ngono iku be
sok ning akherat (kabeh sing dilakoni mau) dianggep kesithiken meni udu opo-opo lan urung ono gunane di uripke ning donyo urung berbuat sing berarti isih kecewa meni (ngono iku maknane لحقره يوم القيامة ono ing hadits mau).
yoiku bar weruh sak moto keagungane Alloh  sing digelar ning mahsyar lan we roh sak moto wibowone Alloh sing di ge lar ning mahsyar Utowo bar weruh wida dari tentu koyo ning hadis mau iku sing terjadi.
Padahal naliko ning donyane iku wis meres awak koyo duwur mau nanging sing terjadi ning mahsyar sesuai Dawuhe kanjeng nabi ning hadis mau (iku supoyo
difahami) kok iso ngono iku sebab opo?.
jawabane yoiku songko dahsyate keagu ngane Alloh lan wibowone Alloh lan wi dadarine sing sangat sangat luar biasa sing  sama sekali ora layak lan ora sepa tute blas disepele-ake lan di remehke.
ningجَامِعُ الصَّغِيْر  dawuhe kanjeng nabi
اِنَّ فِى الْجَنَّةِ لَسُوْقًا مَا فِيْهَا بَيْعٌ وَلاَ شِرَاءٌ اِلاَّ الصُّوَرُ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاءِ فَاِذَا اشْتَهَى اَحَدٌ صُورَةً دَخَلَ فِيْهَا

(artine) Ono ing jerone suwargo iku ono pasar sing isine pasar iku foto fotone wong wong lanang lan foto fotone wong-wong wadon sing werno-werno lan seje seje kabeh (ora ono sing kembar blas) banjur Setiap wong suwargo kok kepingin ganti rupo yo geri milih endi sing disene ngi wong iku sak naliko rupane iso be ru bah salin rupo sesuai sing disenengi lan sing dipilih mau. (iku artine hadis mau).
l
ngono mau mboh lanang mboh wadon iso kabeh tanpo kecuali. (Dawuhe kan jeng nabi meneh ning kitab مُسْلِمْ )

اِنَّ فِى الْجَنَّةِ لَسُوقًا يَأْتُوْنَهَا كُلَّ جُمْعَةٍ فَتَهَبُّ رِيْحُ الشِّمَالِ فَتَحْثُوْ فِى وُجُوْهِهِمْ وَثِيَابِهِمْ فَيَزْدَادُوْنَ  حُسْنًا وَجَمَالاً فَيَرْجِعُوْنَ اِلَى اَهْلِهِمْ فَيَقُوْلُ لَهُمْ اَهْلُوْهُمْ  وَاللهِ لَقَدْ اِزْدَدْتُمْ بَعْدَنَا حُسْنًا وَجَمَالاً فَيَقُوْلُوْنَ وَ اَنْتُمْ وَاللهِ لَقَدْ اِزْدَدْتُمْ حُسْنًا وَجَمَالاً
(artine) ono ing suwargo iku ono siji tem pat sing ditekani wong-wong (suwargo kabeh) yoiku pendak dino Jum'at (perlu sowan Allah lan nyawang wajahe Allah ning tempat iku). Ono ing kono iku ono kasiat sing disrupaake angin syimal fung sine ngejogki (nambahi) luwes manis ayu tampan siset kenceng nom lan sepadane.
Setiap bali mulih songko tempat iku yoi ku ono ing suwargone dewe-dewe. bojo wadone muni maring sing lanang. Demi Alloh sampean dino iki jauh luwih luwes lan luwih kenceng lan nom lan tampan tinimbang dino sing wingi. Sing lanang mangsuli muni maring sing wedok  demi Alloh sampean ugo dino iki jauh luwih luwes luwih manis luwih kenceng luwih nom luwih ayu luwih nyahwati tinimbang
sing wingi. (iku artine hadis).
l
koyo mengkono iku selamanya yoiku seti
ap seminggu pisan pendak dino jum'at mergo tempat mau iku tempat sing pa ling cepak maring Allah Ta'ala.
Lan Dawuhe kanjeng nabi maneh yoiku
اِنَّ فِى الجنة مَا لاَ عَيْنٌ رَأَتْ وَلاَ أُذُنٌ سَمِعَتْ وَلاَ خَطَرَ عَلَى قَلْبِ بَشَرِ
ono ing suwargo iku ono siji kanikmatan sing mripat urung pernah weruh blas ku ping urung pernah krungu blas lan urung pernah melintas ning ati blas. (iku arti ne hadis).
l
kenikmatane mau rupane  nyawang waja he Alloh mergo wajahe Alloh memancari nor maring wong wong suwargo sing lagi
sowan ning tempat duwur mau. 
lan tempat iku tempat sing paling cedak karo عرش (langsung عرش)  mulo songko i ku pasti ora ono asbabiyah blas blasan sahinggo sing terjadi ono ing tempat iku pasti kekuatan كن فيكون  (piye artine)
Seandainya mripat kepingin weruh ngene
ngene seandainya kuping kepingin kru ngu ngene ngene seandainya pikiran nga yalke kepingin ngene ngene seandainya atine ngayalke kepingin ngene ngene se andainya alat kelamine ngayalke kepi ngin ngene ngene howo nafsune ngayal ke kepingin ngene ngene lan sak panung galane lan sak panunggalane.
iku langsung wujud seketika kabeh kom plit opo sing dihayali lan dikepingini mau lipat 70 000ne sing dihayal lan dipingini (diatas harapan lipat 70 000ne) aliyas dia tas puas lipat 70 000.
Lan kesampai-ane mau iku tanpo ngang go asbabiyah blas asbabiyah ning tempat iku ora berlaku blas. nanging langsung عرش utowo nganggo kekuatan كن فيكون sa hinggo saben siji awit songko pucuk ram but sirah tekan delamaan sikil iku iso nik matke keladzatan sing ora sekedar puas nanging diatas puas lipat 70 000ne tanpo nganggo asbabiyah (ngono iku maknane hadis mau).
(ono ing hadits) nyawang wajahe Allah o
no ing tempat iku ladzate ngungkuli ka beh kenikmatan-kenikmatan suwargo. bi sane iso mahami ladzate nyawang waja he Allah ono ing tempat mau iku kudu o no tamsile yoiku ngsor iki.
yoiku naliko ono ing donyo. setiap bojo lanang lan bojo wadon persetubuhan. iku
sing main cuman alat (kelamine bojo wa
don) lan alat (kelamine bojo lanang) ban jur ladzate iku cuman mani sak tetes rong tetes.
nanging naliko nyawang wajahe Alloh (o no ing tempat duwur mau) awak sak ku jur iku bagaikan alat kelamin kabeh. Lan seandainya ning suwargo iku ono mani temtu awit songko pucuk rambut sirah tekan jempol sikil saben saben sijine iku pasti ngetokke mani kabeh komplit ngan ti koyo mancure kran kolah  sedino sewe ngi suntuk ora pernah kendo lan moh di wisi sepanjang Alloh ora nguwisi yoiku ngumpetke wajaHE. (iku tamsile).
Nanging wis tentu ono pitukone kabeh ka nikmatan kanikmatan suwargo duwur ma u mergo Dawuhe Alloh ning Qur’an yoiku
وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَى فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَى
(artine) ono déné (adapun) wong wong sing duwé خوف maring Alloh terus bar du we خوف gelem nyetop kesenengane howo nafsune yo tentu suwargo panggonane wong wong sing ngono iku. (ngono iku ar tine ayat mau).
Rupane pitukone kanikmatan kanikmatan suwargo kabeh duwur yo ning ayat iku yo iku duwe خوف sing nganti sebab duwe خوف iku banjur wong mau nyetop opo ke senengane howo nafsu sing ora dihalalke syari’at islam aliyas ngerso halal harom yo mangane yo ngomonge yo sikap sika pe
Diantara sing ora dihalalke syari’at islam sifat sifate wong wong islam zaman saiki nomer 1 2 3 4 sing wis kesebut ning juz 1 ngarep iku doso doso gede kabeh ora nri mane ora halal nanging harom sing be sar sahinggo pitukone harus wis bersih songko sifat sifat 1 2 3 4 mau mergo.  Da wuhe Alloh sing sak durunge ayat duwur
فَأَمَّا مَنْ طَغَى وَآَثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ المأوى
(artine) ono déné wong wong sing wis ora biso di pringatke blas lan mokong يريد حرث الدنيا yo tentu neroko الجحيم iku sing bakal dadi panggonane wong wong sing meng kono iku. (iku artine ayat iku).
l
mokong ora biso dipringatke blas iku bo so arabe طغى) ning ayat mau) mokong ning يريد حرث الدنيا ngono iku maknane فَأَمَّا مَنْ طَغَى وَآَثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا.
Lan kelanjutane yoiku  فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَى
(artine)yo neroko الجحيم iku sing bakal dadi panggonane wong wong sing mo kong ning يريد حرث الدنيا (ngono iku arti ne ayat).sahinggo ayat فَأَمَّا مَنْ طَغَى وَآَثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَى iku sing dadi ancamane wong wong islam za man saiki sing mokong ning sifat 1 2 3 4 mau.
saiki ning donyo iki lagi ditunggangi ho

wo nafsu lan lagi ditunggangi حب الدنيا .
lan sing nyebabi ati ora iso jejeg ora iso sehat iku penyakite cuman siji rupane yoiku lagi ditunggani mau.
Sahinggo endi endi wong sing ditungga ngi iku temtu ora normal atine iku pasti koyo ora normale wong sing lagi ngalami gangguan jiwa yoiku édan. iku sing ora normal akale. nek sing ditunggangi mau iku sing ora normal atine.
(Sing kudu di ngerteni). ora normale a
ti iku luwih gawat tinimbang ora norma
le  akal. sebab opo ?.
Sebab ora normale ati iku nerakakke lan nyebabi suul khotimah. nanging nek ora normale akal iku hukum karma kadang nyababi oleh pengapuro sahinggo ora ne
rakakke lan ora nyebabi suul khotimah.
(kejobo iku) ora normale akal iku biso mari ono ing donyo nanging ora nor male ati iku marine temtu sak wise ma ti sak wise weruh malaikat izroil iku ora normale ati lagi gelem mari (wektu iku) Mulo songko iku ora normale ati iku jauh luwih gawat tinimbang ora nor male akal. (ngono iku sing perlu dinger teni).
ditunggangi iku werno werno yo ditung gangi حب الدنيا yo ditunggangi howo nafsu yo ditunggangi cinta maring wong yo di tunggangi kepentingan yo ditunggangi fa natik.
antarane sing atine normal lan sing atine ora normal iku pandangane tentu sebra ngan jauh. mulo conto ngisor iki sangat penting di ngerteni sebab manfaate besar yoiku
(endi endi sing dadi kenangan indah
naliko ono ing donyo) iku ono ing dino kiamat temtu dadi kenangan buruk sebab ning dino kiamat) ati iku normal ora di tunggangi blas nanging ning donyo ati iku 100% ora normal sebab werno werno sing nunggangi.
opo wa-e sing dadi kenangan indah nali ko isih urip ning donyo ?. diantarane yoi ku iso berhasil ngene iso berhasil ngene iso kencan karo cewek A kencan karo co wok B iso hiburan ning kono ning kono main ngene main ngene oleh kemena ngan iki oleh kauntungan iki duwe drajat duwe titel duwe nama duwe rahi nglakoni amal amal sing لوجه الناس   لوجه الهوى  lan تمنن تستكثر lan يأمن مكرالله lan wani maring wong tuwone wani maring bojo lanange ngolok olok pemrintah kiprah ning partai kiprah ning jam’iyah riyo ujub niru artis iki niru artis iki يريد حرث الدنيا lan liya liyane ka beh iku (lan sing sepadane iku) ning do nyo dadi kenangan indah kabeh.
tapi ojo takon ning dino kiyamat kabeh duwur mau iku temtu dadi kenangan sing sangat buruk yoiku wektu kabeh duwur mau dadi tahi sing ngurugi a wake dewe. Wektu iku kabeh duwur mau dadi kenangan sing sangat buruk nangiske getih.
Naliko dadi kenangan indah ning do nyo kabeh duwur mau (muaske ati maremke ati).   
Nanging kudu iso mikir opo artine pua se ati lan mareme ati nek walese iku nangis getih lan kurugan tahi.
Semono ugo endi amal sing لوجه الله koyo uripe ning donyo rekoso dadi fekir miskin dadi wong asor dadi wong kalah disengiti wong akeh dimungsuhi wong akeh di dho limi nanging kabeh iku dieklaske krono percoyo takdire Alloh lan pandume Alloh lan ning donyo ngerso halal harom ngla koni wira’i nglakoni taQwa nglakoni zu hud bekti maring wong tuwo bekti maring bojo lanang bekti maring guru nyegah kesenengane howo nafsu ninggal حب الدنيا ora seneng duwe rahi ora seneng duwe nama ora seneng duwe titel lan pangkat lan drajat lan liya liyane. Ning donyo ka beh duwur iku pahit pahit lan dadi kena ngan sing buruk sing ora énak.
Nanging ono ing dino kiamat kabeh du wur mau iku dadi kenangan sing sa ngat indah dadi modal dadi pawitan dadi kekaya-an dadi drajat lan pangkat dadi rahi dadi nama harum sahinggo ning akherat ono ajine podo malaikat bahkan iso ngungkuli lan oleh penga purane Alloh oleh rohmate Alloh oleh ridlane Alloh lan diidzini manggon su wargo.
sak wise weruh walese lan imbalane o no ing dino kiamat. kangelane ning do nyo lan buruke ning donyo lan pahite ning donyo iku ternyata sangat kecil nek dibandingke imbalane lan walese mau. mulo wektu iku kabeh duwur ma u dadi kenangan sing sangat indah bahkan kepingin mbaleni seandainya iso bali ning donyo arep mbaleni sing buruke lan pahite iku sak duwure se suai hadis sing wis kesebut ning nga rep.
Nek sing ning donyo dadi kenangan in dah duwur.  sak wise weruh imbalane lan walese ning dino kiamat nangis ge tih lan kurugan tahi lan oleh bendune Alloh oleh laknate Alloh lan dibuwang ning neroko. 
Sak wise weruh imbalane lan walese o no ing dino kiamat ternyata puase ati mareme ati ning donyo iku sangat ke cil nek dibandingke walese ning dino kia mat mau sahinggo sing ning donyo dadi kenangan indah iku kabeh ning dino kiamat dadi kenangan sing sa ngat buruk mulo pumpung durung ter lambat harus ojo gelem ditunggangi a papun lan harus ninggal ajarane wong wong saiki lan moco umm kubro (men normal atine).
إِذَا زُلْزِلَتِ الْأَرْضُ زِلْزَالَهَا (1) وَأَخْرَجَتِ الْأَرْضُ أَثْقَالَهَا (2) وَقَالَ الْإِنْسَانُ مَا لَهَا (3) يَوْمَئِذٍ تُحَدِّثُ أَخْبَارَهَا (4) بِأَنَّ رَبَّكَ أَوْحَى لَهَا (5) يَوْمَئِذٍ يَصْدُرُ النَّاسُ أَشْتَاتًا لِيُرَوْا أَعْمَالَهُمْ (6) فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَهُ (7) وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَهُ (8)
arti artine yoiku
(1) naliko bumi iki diguncang sing sak pol pole (2) lan naliko bumi iki wis ngetokke isi isine (yoiku sing dibelet ning njero bumi muncul kabeh ning mahsyar) (3)me
nungso menungso podo muni bumi iki pi
ye si ? (kok sangat aneh sing terjadi) (4) mergo dino iku bumi iki iso crito ngan dak-ake opo opo wa-é sing dilakoni wong wong (5) mergo Alloh sing ngilhami bumi iso ngono iku (6) dino iku menungso me nungso diuripke maneh séje sejé lan wer no werno rupane (rupane séjé séjé lan werno werno mau) pa-édah gawé ngu duhke amal amalé mèn podo ngerti (ri) né lan getahe utowo durine sing dilakoni (7) wektu iku sa-até wong wong sing berbuat apik sak semut temtu weruh buwahe apik sing sak semut mau (8) lan wong wong sing berbuat olo sak semut temtu weruh buwahe olo sing sak semut mau. (iku arti ne ayat ayat mau).
sak semut wa-é weruh buwahe opo ma neh sing luwih gedi. sebabe mergo ru pane wonge lan kondisine wonge lan sing dadi rombongane wonge lan opo opone kabeh komplit diserasi-ake karo lakon la
kone wonge ning donyo ngono iku mak
nane يَوْمَئِذٍ يَصْدُرُ النَّاسُ أَشْتَاتًا لِيُرَوْا أَعْمَالَهُمْ  فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَهُ وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَهُ.rinciane wis ning juz 3 ngarep panjang lebar tafsilane.
olo opo wa-é sing dilakoni wong ono ing donyo senajan sak semut iku ono ing di no kiamat ono resikone ono (ri) né dipi kulke wonge sengsorone mikul iku koyo sengsorone dijabut nyowo tikel 70 000. sesuai hadis sing wis kesebut ning nga rep sahinggo abote diluar kemampuan o ra kok sepele.lan sing nyebabi dilipatke (ping 70 000né dijabut nyowo) iku sebab (يأمن مكرالله)he wonge lan sebab (تمنن تستكثر) re wonge naliko ning donyo.
Nek atine iku tatu sebab duwe olo lan do so terus خوف fe iku besar yo ora dilipatke 70 000 nanging biso oleh ampunan sa hinggo (يأمن مكرالله)he lan (تنمن تستكثر)re iku sing nyebabi dilipatke 70 000.
Nanging sebab wis selangit bodone wong wong islam zaman saiki iku malah ibadah sing تمنن تستكثر lan sing يأمن مكرالله iku di gawe nggolek ridlone Alloh di gawe nggo lek rohmate Alloh digawe nggolek penga purane Alloh. temtu bakal diwalik deneng Alloh hasile dilipatke duwur lan dadi القوم الخاسرون ora kok ridlo rohmat pengapuro i ku ora blas.
pendidikan islam ning universitas univer sitas islam zaman saiki iku ngremehke ki tab kuning koyo إحياءعلوم الدين تنبيه الغافلين lan sepadane alasane hadise ora soheh pa dahal penyusune kitab kitab kuning iku go longan wong wong nomer (1) iku dihinda rari. nanging pegangane iku kok malah guru guru golongan wong wong sing no mer (3) yoiku sing nek nafsiri Qur’an ha dis اقتباس بالهوى.
(selagi isih golongan wong wong nomer 3) durung dadi golongan wong wong no mer(2) iku pegangan hadis soheh utowo pegangan ayat Qur’an iku ora manfaati blas sebab nafsirane iku mesti اقتباس بالهوى sahinggo tetep sesat. yoiku ibadahe ning jurusan riyo ujub lan يأمن مكرالله lan تمنن تستكثر  lan islam bertujuan يريد حرث الدنيا .
l
Seandainya sing dilakoni iku hadis sing o ra soheh. tapi ora ngarang dewe nanging wis pegangan kitab utowo guru sing song ko golongan wong wong nomer (1) utowo nomer (2) temtu Alloh ta’ala nompo lan ngobulke.
Sak walike yoiku sing di lakoni iku hadis soheh lan ayat Qur’an nanging peganga ne iku guru sing songko golongan wong wong nomer (3) temtu mardud temtu di tolak lan mustahil sing 100% Alloh nompo

Sing dadi teroris teroris lan islam garis keras lan partai partai lan jam’iyah jam’i yah lan kabeh golongan wong wong no mer(3) iku kabeh kebujuk wis pegangan hadis soheh kebujuk wis pegangan ayat Qur’an kebujuk wis anut kyai.
Koyo duwur iku pegangane nanging sing ternyata iku ibadahe tetep sesat lan sing nyesatke iku justru Qur’ane lan hadise lan
kyaine
sing nyesatke iku ora Qur’ane ora hadise iku ora nanging (اقتباس بالهوى)ne iku sing nyesatke. Sing nyesatke iku ora Qur’ane ora hadise iku ora nanging asune maling iku sing nyesatke. Lan anut kyai sing golo ngan wong wong nomer(3) iku sing nye satke
Sesate iku mergo dijrumuske ning iba dah sing riyo ujub  يأمن مكرالله   تمنن تستكثر  islam bertujuan يريد حرث الدنيا .lan dijru muske ning amal amal sing لوجه الناس   لوجه الهوى
sahinggo Qur’ane lan hadisé iku ma dloroti ora kok manfaati iku ora blas (bagi wong wong duwur mau)
sebab إقتباس بالهوى kejrumus ning idé sing bodoh mergo amal amal ibadah sing riyo ujub لوجه الناس  لوجه الهوى يأمن مكرالله    تمنن تستكثر iku kok digawe nggo lek ridlane Alloh digawe nggolek roh mate Alloh digawe nggolek pengapu rane Alloh (ngono iku maksude ide sing bodoh) sing pertamakali duwe idé
bodoh ngono iku wong wong khowarij.
ternyata zaman saiki wong wong islam
ngono iku idéne. iso setèl lan podo iku opo sebabe ?. mergo asune maling wèk-é wong wong khowarij lan asune maling  wèk-é wong wong islam zaman saiki iku podo.
روى ابن أبي حاتم عن أبي عبد الله الطهراني عن حفص بن عمر عن الحكم بن أبان عن عِكْرِمة في قوله وَإِنْ تَدْعُ مُثْقَلَةٌ إِلَى حِمْلِهَا قال هو الجار يتعلق بجاره يوم القيامة فيقول يا رب سل هذا لم كان يغلق بابه دوني

Sing nyanadke hadis duwur iku ابن أبي حاتم deweke songko أبي عبد الله الطهراني deweke songko حفص بن عمر deweke songko أبان de weke songko عِكْرِمة tentang tafsirane ayat alQur’an yoiku  وَإِنْ تَدْعُ مُثْقَلَةٌ إِلَى حِمْلِهَا  \  الاية
Dawuhe mengkene
wong iku naliko ono ing donyane sugih na
nging tonggo tonggone yen arep nemoni wong iku sulit sebab omahe iku nek ngga we pancen disengaja bisane wong sing arep nemoni deweke iku kesulitan. ono ing dino kiamat sing dadi tonggone wong mau matur maring Alloh ta’ala mengke ne. Gusti ! tiyang niki tonggo kulo. Won ten ing donyane piyambak-e niku dados tiyang sugih sing angel temonane ora ke no jaluk-i tulung wong wong fekir kulo niki tonggone piyambake sing fekir nyuwun pengadilan mergo piyambake ora keno ja luk-i tulung wong wong fekir ngono iku maknane (الجار يتعلق بجاره يوم القيامة فيقول يا رب سل هذا لم كان يغلق بابه دوني).
banjur pengadilane Alloh ono ing dino ki amat iku doso dosone lan olo olone tong go sing fekir mau dipikulke tonggo sing sugih sing temonane angel sing ning donyo ora keno jaluk-i tulung wong fekir. ngono iku maknane ayat (وَإِنْ تَدْعُ مُثْقَلَةٌ إِلَى حِمْلِهَا) sak akhire. (iku artine hadis mau).
l
ning donyo dadi wong sugih iku penak lan nikmat tapi ojo takon besuk ono ing dino kiamat dipikuli doso dosone lan olo olone wong wong fekir sing dadi tonggo tong gone (sesuai hadis mau) sahinggo wektu iku sugih ning donyo iku dadi kenangan sing buruk.
Kecuali ning donyo wong sugih iku uripe selalu dirusuhi wong fekir yo ono ing dino kiamat ora mikul doso dosone lan olo olo ne tonggo tonggo sing fekir iku ora.
nanging bahkan wong sugih mau ono ing dino kiamat oleh pengapurane Alloh lan oleh Rohmate Alloh sahinggo sebab uripe selalu dirusuhi tonggo tonggo sing fekir (ono ing dino kiamat) sugihe mau dadi ke nangan sing indah ora kenangan sing bu ruk iku ora.
kesimpulane uripe selalu dirusuhi wong wong fekir iku sing dadi modal utowo pawitan bisane oleh pengapu rone Alloh lan rohmate Alloh bagi endi endi sing sugih ono ing donyo. kok mlayu songko iku yo temtu ono ing dino kiamat di bendoni Alloh lan di kumpulke wong wong kafir lan matine suul khotimah (iku pasti). Sebab opo ?
mergo ning donyo dadi wong sing sugih nanging kok ora gelem dirusuhi wong wong fekir.  yo haqiqine wong sugih sing ngono iku wis kafir. sebab opo ?. ora ngakoni nek iso sugih iku songko Alloh nanging sugihku dewe  mulo songko iku wis pasti bendune Alloh maring wong sugih mau iku koyo bendune Alloh maring wong wong kafir. lan imane lan ibadahe tem tu kulit gawe ngapusi Alloh sahinggo nambahi bendune Alloh imane lan ibadahe. kesimpulane wong sugih sing ora gelem dirusuhi tonggo tonggo sing fekir iku mungguhe Alloh kelase podo wong kafir persis ora kok seje i ku ora.
wong sugih iso bersih songko musyrik lan songko kufur iku cuman siji thok tondone lan faktane yoiku loman terhadap wong wong fekir. nek lomane iku kok terhadap mbangun masjid mbangun pondok mba ngun TK lan sepadane iku justru musy rike iku soyo besar lan kufure soyo besar lan bendune Alloh ugo soyo besar ora kok diganjar iku ora blas. sebab ning donyo wis sugih wis duwe rahi. sahinggo musyrike lan kufure soyo besar iku pasti lan nerokone ugo pasti (ngono iku sugih sing ora iso loman terhadap wong fekir) sebab loman terhadap wong fekir iku fer dlu’ain mbangun masjid pondok iku su nah kok sunahe dilakoni ferdlu’aine di tinggal iku aran riyo aran golek rahi golek nama pasti mardud pasti diantemke rahi ne.
أخبرنا دعلج بن أحمد ثنا جعفر بن محمد الفريابي ثنا يزيد بن موهب ثنا عبد الله بن وهب ثنا عمرو بن الحارث عن دراج أبي السمح أنه سمع عبد الله بن الحارث بن جزء صاحب النبي صلى الله عليه وسلم يقول عن رسول الله صلى الله عليه وسلم  إن في النار حيات أمثال أعناق البخت تلسع أحدهم اللسعة فيجد حموتها أربعين خريفا وإن فيها العقارب كالبغال الموكفة تلسع أحدهم اللسعة فيجد حموتها أربعين خريفا
(أبونعيم) aku dicritani دعلج بن أحمد deweke a ku dicritani جعفر بن محمد الفريابي deweke aku dicritani يزيد بن موهب deweke aku dicritani عبد الله بن وهب deweke aku dicritani عمرو بن الحارث deweke songko دراج أبي السمح de weke krungu shohabat عبد الله بن الحارث بن جزء deweke songko Rosululloh SAW iku dawuh mengkene.
ulo ulo ono ing neroko iku gedine podo gulu onto sing gedi yen nyokot sepisan racune ora iso ilang zaman 40 tahun ono ing njero awake sing dicokot lan kolo jeng king kolo jengking neroko iku gedine po do onto بغال yen ngantup sepisan racune ora iso ilang zaman 40 tahun ono ing nje ro awake sing diantup.(iku artine hadis mau).
Saben saben ulo siji lan saben saben ko
lo jengking siji iku ono tulisane kabeh lan
wonge mesti iso moco sesuai keterangan
sing wis kliwat ning juz 3 ngarep.
Mergo ning donyo iku setiap حب الدنيا ne ke
sampai-an dadi ulo sing disimpen ning ne
roko lan setiap kesenengane howo nafsu  
Kesampai-an dadi kolo jengking disimpen ning neroko sahinggo wong wong neroko iku saben wong sijine disikso pirang pi rang ulo lan pirang pirang kolo jengking sing akehe miturut kesampai-ane ning do nyo masalah حب الدنيا ne lan ksenengane howo nafsu (iku ping piro kesampai-ane)
(ning donyo setiap حب الدنيا ne lan kesene ngane howo nafsu iku kesampai-an) dadi kenangan sing indah.tapi ojo takon bakal dadi kenangan sing sangat buruk naliko ning neroko ora ono wis wis di cokoti ulo ulo lan di antupi kolo jenging kolo jeng king mau.Tulisane unine yoiku (ulo iki na liko حب الدنيا mu kesampai-an dino iki tanggal iki) (kolo jengking iki naliko kese nengane howo nafsumu kesampai-an di no iki tanggal iki) lan saben sijine iku ngle bokke racun ning awak nganti zaman 40 tahun ora ilang.  
Kemusyrikane wong sugih iku tergantung bakhile terhadap fekir miskin sahinggo ji hade wong sugih iku yo ning merangi ba khile iku sahinggo wong sugih sing mera ngi bakhile iku yo persis podo karo ngla wan kemusyrikane. Lan merangane bakhi le yoiku berbuat loman terhadap fekir mis kin lan wong sugih sing ora iso loman ter hadap fekir miskin iku aran ditunggangi kemusyrikan mulo songko iku Sepisan ku du dadi golongane wong wong nomer (2). Kedua merangi bakhile.(tergan tung kesa tu lan kedua mau iku) mati syahide wong wong sing sugih.(ngono iku kesimpulane)
l
juz 6 lan juz 7 lan juz 8 lan juz 9 lan juz 10 kelanjutane iki. iku tentang cara ca rane golek sugih sing sangat sangat mustajab. sing se-mustajab iku sak a lam ndonyo ora bakal ono blas syara te mocone tapis urut awit juz 6 tekan jus 10. Sekali-an ajaran ajarane kan jeng nabi lan akidah akidahe kanjeng nabi sing sangat sangat manfaat lan penting di ngerteni.  ulama ulama saiki kabeh total wis ora ono sing iso blas. (bar rampung moco juz 6 tekan 10 ma n) temtu ning ati bakal muni nyoto isi i sine buku iki pancen terbaik sedunia.
isi buku terbaik seluruh dunia umm kubro iki. sebab carane mulangke ahlak bagus ono ing sekolahan sekolahan ning pon dok pondok ning pengaji-an pengaji-an ka beh komplit ono ing zaman saiki iku tolak belakang karo cara carane kanjeng nabi yoiku kok dinasionalke antarane ahlak ba gus lan حب الدنيا (nek moco ne wis tekan juz 11) baru iso faham carane wong wong saiki lan carane kanjeng nabi sahinggo moco juz 6 tekan jus 11 iku harus nek ora moco yo ulamak wa-e sulit ora bakal fa ham opo maneh dudu ulamak tapi nek moco senajan wong awam sing paling a wam iku pasti faham.  Lan (dampake di nasionalke mau iku) wong  wong saiki yen ono pamrihe baru iso ahlak bagus tapi (nek tanpo ono pamrih) mustahil iso ahlak bagus. lan semono ugo ngla koni ibadah yo ngono iku (ning juz 11 bakal luwih jelas). (والله سبحانه وتعالى أعلم)      

Tidak ada komentar:

Posting Komentar